cookieOptions = {link}; Nyambut gawe koyok dipecuti | Hafid Junaidi

Thursday, October 8, 2015

Nyambut gawe koyok dipecuti

Paribasan kuwi tekan salah siji konco kantorku. Penyebabe saiki okeh penggawean sing mesti dikerjakke namung tenagane kurang. Lha piye, entuk kabar kantorku kate diparani tim tekan kementrian PAN-RB kerono kementrian juragan ngajokke unggah-unggahan tukin sing nyaratke mbuktekno anane kantor ingkang integritas. Meskio kantorku wis ditunjuk dadi piloting zona integritas, namung paling ora wis wong loro sing ndik Djakarta kono ngomong yo mestiae lek kantorku iso soale pegawene mung sitik. Namung justru kerono kuwi rasane mbegawe koyok dipecuti lek dituntut sampek kudu iso ngunggahno tukin koyok karep juragan. Mbok yao ndik kantor piloting zona integritas iki pasukane ditambahi ben nyambutgawene ora koyok dipecuti.

No comments:

Post a Comment