cookieOptions = {link}; BBM iku barang opo? | Hafid Junaidi

Monday, June 17, 2013

BBM iku barang opo?

Nyaris 4 tahun blajar ndik bangku ekonomi, tapi aq koq wis lali BBM iku termasuk barang ekonomi opo? Opo kebutuhan primer? Sekunder? Opo tersier? Kenopo masyarakat kroso abot lek rego BBM mundak? Koyok-koyok BBM iki barang kebutuhan primer? Opo mungkin BBM didadekno barang kebutuhan primer sing mendasar gawe menungso? Padahal koyoe kabeh wong wis ruh lek BBM iki gak iso dianyari, gak iso digawe, mung iso disedot tekok wetenge bumi lan iso entek. Ngono koq iso dadi barang kebutuhan primer yo? Opo lek awake dewe wis ketagihan karo BBM gak malah bakal nyikso orepe awake dewe? Lek kapan-kapan engko BBM asat teko weteng bumi? Opo ora mending BBM dianggep barang langka wae sing larang regane?

No comments:

Post a Comment